Blogger news

Tampilkan postingan dengan label KEBUDAYAAN. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label KEBUDAYAAN. Tampilkan semua postingan

Sabtu, 10 Januari 2015

SINTREN



Sintren

     Sintren iku salah sijine kesenian rakyat kang mekar ing Indramayu lan Cirebon. Saperangan ana sing ngarani ronggeng buyung (ronggeng=joged, buyung=bocah). Pancen sintren iki pemaine kudu prawan kencur sing durung nggarapsari. Saiki kesenian iki uga ana ing Jawa Tengah, wiwit Brebes, Tegal, Pemalang, nganti Batang, lan ngidul tekan Cilacap. Malah dhisik ing Blora uga tau ana.
Sintren digelar ing desa-desa wayah bubar panen utawa mangsa ketiga. Ora kaweruhan wiwit kapan anane, nanging saka lagu-lagu sing dianggo ngiringi jelas yen wis ana sadurunge agama Islam mlebu ing tlatah penyebarane sintren. Kesenian iki ngandhut magis, ora beda kaya jathilan, reog, jaran kepang, lan liya-liyane. Penarine bisa ora sadhar marga anane kekuwatan gaib kang ngrasuki. Pangundange roh mlebu ing anggane sintren sarana lagu-lagu pujian basa Jawa, saperangan basa Cirebon utawa basa Jawa Reang.
Instrumen utawa gamelan kanggo ngiringi prasaja banget. Yaiku jun (klenthing) loro, sing siji digopeli lambene, ketipung loro, lan kecrek. Anggone nabuh jun nggunakake kain diisi kapuk kaya bantal, yen ora ana bisa nganggo sandhal jepit sing wis ora kanggo. Nabuhe ketipung sing siji nganggo tangan sing siji nganggo tali diwangun pecut dibundheli pucuke.
Alat liyane sing ora bisa keri, kembang, menyan, dlupak kanggo ngobong menyan, jarit, kurungan pitik sing wis dibungkus jarik, penganggone sintren, kaca mata ireng. Pagelaran iki biyasane diwiwiti watara jam 20.00 nganti sepi penonton, watara jam 23.00.

LAKUNE PAGELARAN

     Pagelaran sintren ora perlu panggung, cukup ana plataran sing amba utawa lapangan. Yen penonton wis akeh, gamelan wiwit diiringi lagu-lagu pujian kanggo ngundang roh. Sintrene isih nganggo rok biasa. Lagu sepisanan sing ditembangake para pesindhen kang uga dumadi bocah-bocah prawan lan para penabuhe yaiku lagu Turun Sintren, sing baite mangkene: Turun-turun sintren // sintrene widadari // widadari tumuruna // aja suwen mindho dalan // dalan sampun kangelan.
Lagu iki dibolan-baleni, lan penarine maju menyang tengah kalangan. Penari banjur ndhodhok lan dikurungi nganggo kurungan sing wis cemawis, ora kari penganggo sintren, kacamata ireng, roncen kembang mlathi, jarik lan liya-liyane dilebokake kurungan pisan. Gendhing Turun Sintren meneng ganti gendhing Sulasi Sulandana lanTambak-Tambak Pawon. Gendhing iki terus dikumandhangake. Ora nganti limang menit kurungan dibukak penari wis ganti penganggo, clana, klambi kurung, sampur, sirah ditaleni, roncen kembang mlathi, kacamata ireng.
     Dlupak sing wis diobongi menyan keluke diarahake irung sintren, sing banjur ngadeg njoged. Ing burine sintren ana sing ngetutake, njagani yen semaput amrih ora tiba kegeblag. Samangsa sintren semaput banjur diadhepi keluk menyan, banjur eling terus njoged maneh ngetutake iramane gendhing. Dene baite gendhing Sulasi Sulandanalan Tambak-Tambak Pawon kaya ngisor iki:

Suladi Sulandana // menyan kang ngundang dewa // ala dewa dening sukma // widadari tumuruna.
Tambak-tambak pawon // aku kena ndang kuwali // mung jaran lan sapi // njaluk prawan sing nomer siji.

Tembang iki dilagokake nalika sintren dikurungi. Saben ganti adegan, sintrene dikurungi maneh lan lagune ganti.

DISAWER 

     Nalika Sintren njoged mubeng, penonton padha mbalang sintren, nganggo kacu, slendhang, topi, lan liya-liyane. Barang sing kanggo nyawer mau diiseni dhuwit saeklase. Saben kena sawer sintren mesthi semaput lan sing ngetutake kudu enggal-enggal nampani awake amrih ora kegeblag. Nalika Sintren disawer lan semaput, gendhing kang dikumandhangake Aja Ngewer-ewer Putren:

Aja ngewer-ewer putren // sing dikewer rujake bae // aja nyawer-nyawer sintren // sing disawer panjake bae.

Amrih enggal sadhar banjur ditembangake Sowang-Sowang Mati lanKembang Kiraras, sing unine mangkene:

Sowang-sowang mati // matine pinggir kali // ora ana sing niliki // sing niliki widadari
Kembang-kembang kiraras // paman bibi aja maras // dhalang sintren njaluk waras.

Dlupak dijupuk keluke menyan diarahake irunge, sintrene sadhar maneh lan terus njoged. Barang-barang sing dienggo nyawer dibalekake menyang sing duwe sawise dicroti lenga wangi.
Saya wengi saya rame, penonton padha melu njoged ana tengah kalangan. Kajaba lagu-lagu wajib, saiki iya nuruti panjaluke penonton, klebu lagu-lagu dhangdhut apadene campursari. Nanging lagu-lagu baku kanggo ganti adegan, ora bisa ditinggalake.
Yen penonton wis sepi lan sing nyawer apadene sing njoged wis ora ana, pagelaran dirampungi. Sintrene ndhodhok ing tengah kalangan banjur dikurungi, ditembangake Ulung-Ulung.

Ulung-ulung simbar wulung // si wulung patine layung // ala gandhung eling-eling // ayo si …… (nyebut jenenge asli sintren) padha bali.

Kurungan dibukak, pranyata sintrene wis ganti pakaian biasa. Iki uga ing wektu watara limang menitan. Nganti saiki kesenian Sintren iki isih lestari ing padesan Indramayu lan Cirebon. Yen sintrene bocah lanang, jenenge Lais. Pagelaran, lagu-lagune, apadene ubarampene padha karo sintren. Nanging Lais iki kalah karo Sintren lan ora bisa mekar.
Lagu-lagu Sintren sing kerep digunakake, kajaba kang katur ngarep, isih ana maneh, yaiku Orok-Orok (iringan ganti klambi): Orok-orok, banyu banjir mapar tembok // wong nonton padha ndhodhol // sintren metu salin erok.
Ana maneh, Kang Njaluk Dhuwite:

Kang njaluk dhuwite // wong wadon arep lunga pasar // nyoh ana dhuwit selawe perak // beli cukup nyang ngalor ngidule // Kang mene dhuwite kabeh // wong lanang kepengin kegayahane // wong lanang kepengin kopi bukete.
Kembang Jagung:
Kembang-kembang jagung // manuk manglung neng tengah lurung // nandur kembang neng pepedan // mlakune sintren gojag-gajigan.


Selasa, 23 Desember 2014

Sedekah Gunung Merapi



LEGENDA SEDEKAH GUNUNG MERAPI


Argo Merapi mujudaken satunggaling Argo ingkang gadhah bobot ingkang inggil tumraping tanah jawi minggahing nuswantoro, kasusra dumugi ing tataran bawono awit mujudaken hardi ingkang asring piyambak mutahaken lahar ingkang ateges gunung berapi ingkang paling aktif ing donyo milo mboten mokal menawi anggadahi doyo tarik ingkang kiyat tumraping poro noro wisoto ugi anggadhai sesambetan ingkang raket kaliyan poro rojo ing tanah jawi, ingkang salebeting mitos ugi wonten sesambetan kaliyan Ratu kidul ingkang pinitados dados ratuning lelembut ing seganten kidul. Milo nomo jumbuh menawi ing Argo Merapi mujudaken papan ingkang kathah ngemot kawontenan-kawontenan gaib.

Derek punopo ingkang dados gotheking ngakatah awit saking pangandikaning poro leluhur duking kino makino gethok tular turun temurun ngantos dumugi ing titi wanci puniko kathah kedadosan ingkang kasad moto menopo dene ingkang mboten kasad moto, kathah dumados ing ardi Merapi. Ingkang sedoyo kala wau damel satunggaling raos kapitadosan tumrap wargo Selo mliginipun lan wargo masyarakat umumipun.Kapiji satunggaling kadadosan ing kolo rumiyin Kasunanan Surokarto wekdal semanten ingkang kepareng agasto jejed wengkuning projo Sampeyan Dalem Ingkang Sinuhun Pakubuwono ing kaping enem (6), inggih Sinuhun Bangun topo, kepareng asring tindak mertinjo argo Merapi ingkang sayektosipun, kejawi tindak mertinjo lan ameng-ameng ing argo Merapi-Merbabu ingkang tuhu edi endah. Ugi wonten keparweng dalem ingkang sinandi nuwun inggih pepangihan winandi kaliyan Pangeran Diponegoro, saperlu paring bebantu anggenipun Pangeran Diponegoro perang lumawan Walandi. Dados kacetho ingkang Sinuhun Pakubuwono kaping VI, bidho apirowang dumateng penjajah Walandi ing wekdal semanten. Menggah pepanggihan winandi ing antawising priyagung kekalih mapan wonten ing satunggaling guo ingkang sapuniko sinebat Guo Rojo. Tindak Dalem Sinuhun ingkang mekaten wekasanipun kadenangan dening Walandi, awit wonten palapuran saking satunggaling Bupati. Tumuli ingkang Sinuhun dipun cepeng dening walandi soho dipun selong wonten ing Ambon. Inggih awit lekas Sinuhun Pakubuwono VI ingkang mekaten sasampunipun Indonesia mardiko Sampeyan Dalem Sinuhun Pakubuwono VI Sinengkaaken minongko satunggaling Pahlawan Nasional. Menggah sesambetan antawising Kraton Surokarto menopo dene Ngayogyakarto kaliyan argo Merapi Luimintu dumugi sapriki, ing wanci-wanci tinamtu ngawontenaken larung sesaji ing Merapi.


Kacariyos malih sesambetan kapitadiosan masyarakat dumateng satunggaling priyagung ingkang asmo Kyai Petruk asma Timuripun Piadegipun Handoko Kusumo awit dedeg piadegipun inggil kados piyayi Petrk ing pewayangan lajeng katelah asma Kyai Petruk sinebat ing kahthah bilih Kyai Petruk mujudaken Putranipun Pengangeng kapaniwon Cepogo. Wiwit timur panjenenganipun gentur kasutapanipun remen tetulung dateng sesamining ngagesang wicaksono tuwin waskitho ing pamawas, turto jujur lahir batosanipun, linambaran sekti mondro guno. Inggih awit saking kawontenan ingkang mekaten dening masyarakat Selo lan sakkiwotenghennipun gadah kapitadosan, bilih Kyai Petruk saget angayomi, masyarakat tlatah Selo ing sakiwa tengenipun saking pangamukipun Hardi Merapi. Ugi pinitadhos Kyai Petruk sedo lan mukswo ing Hardi Merapi. Ingkang meniko kagem memule angromati Kyai Petruk, masyarakat Selo saben ing malem 1 Suro ngawontenaken sedekah gunung tuwin larung sesaji, ingkang wujudipun : tumpeng sesaji, sekul gunung kadamel saking jagung, brubus kadamel saking roning lumbu, gomok, acung – acung, bhotok sempuro kanthi dipun jangkepi ubo rampe polo wijo jangkep, singkong baker telo rambat baker, unjukan kopi, jadah baker, rokok klobot, rokok gudang garam kretek, pisang rojo, sekar kantil, kunir soho tigan, arto Rp. 100,- kemeyan soho mliginipun sirahing Maheso ingkang kalarung ing hardi Merapi.



Sedoyo kolowau mujudaken sarono nyenyuwun dumateng gusti ingkang akaryo loko, mugi kepareng paring karahayon tuwin kabagyan dumateng mliginipun masyarakat Selo soho masyarakat Boyolali umumipun. Pramilo Upocoro Tradisional Sedekah Gunung Ingkang mujudaken tilaranipun poro leluhur katindakaken kanthi turun menurun lestantun dumugi sakpriki lan saklajengipun minongko ikhtiyar nglestantunaken budoyonipun poro Leluhur.

http://www.pariwisataboyolali.com/2005/10/sedekah-gunung.html
 

Senin, 08 Desember 2014

Pengertian Kethoprak



Pengertian dan Sejarah Ketoprak 



Pengertian Ketoprak

            Hampir sama dengan ludruk, ketoprak merupakan drama tradisional yang diperagakan oleh sebuah grup kesenian dan digelarkan di sebuah panggung dengan mengambil cerita dari sejarah, cerita panji, dongeng dan lainnya dengan diselingi lawak. Ketoprak muncul pada tahun ± 1922 pada masa Mangkunegaran. Kesenian ini diiringi musik dari gamelan yang berupa lesung, alu, kendang dan seruling. Karena cerita atau pantun-pantunnya merupakan sindiran kepada Pemerintah atau Kerajaan maka kesenian ketoprak ini dilarang. Namun kesenian rakyat ini akhirnya tetap berkembang di pedesaan/ pesisiran. Setelah sampai di Yogyakarta ketoprak disempurnakan dengan iringan gamelan Jawa lengkap dengan tema ceritanya mengambil babad sejarah, cerita rakyat atau kerajaan sendiri. Ketoprak ini dilakukan oleh beberapa orang sesuai dengan keperluan ceritanya.

            Adapun ciri khas dari ketoprak ini dilakukan dengan dialog bahasa Jawa. Tema cerita dalam sebuah pertunjukan ketoprak bermacam-macam. Biasanya diambil dari cerita legenda atau sejarah Jawa. Banyak pula diambil cerita dari luar negeri. Tetapi tema cerita tidak pernah diambil dari repertoar cerita epos (wiracarita): Ramayana dan Mahabharata. Sebab nanti pertunjukkan bukan ketoprak lagi melainkan menjadi pertunjukan wayang orang.
 



Sejarah Ketoprak

       
    Ketoprak adalah satu dari puluhan kesenian tradisional yang masih dapat bertahan hingga sekarang. Kesenian ini lahir sekitar tahun 1920 di Solo, namun mencapai puncaknya di Jogja pada sekitar tahun 1950an.

            Semula ketoprak merupakan hiburan rakyat yang diciptakan oleh seseorang di luar kerajaan. Mereka menyiapkan panggung dan berlagak menjadi raja, pejuang, pangeran, putri, dan siapa pun yang mereka inginkan. Pada perkembangannya, hiburan ketoprak juga diminati oleh anggota kerajaan, dan di setiap penampilannya selalu ada pelawak yang membuat ketoprak terasa semakin hidup.

            Kesenian yang dalam penyajian atau pementasannya menggunakan bahasa Jawa ini memiliki cerita yang beragam dan menarik. Mirip dengan teater, pertunjukan ini diisi dengan dialog-dialog yang membawa penonton merasakan atmosfir “dunia” Jawa pada masa Raja-Raja berkuasa.

            Ceritanya diambil dari mana saja, baik dari sejarah tanah Jawa hingga cerita-cerita fantasi. Penampilannya juga selalu disertai tembang-tembang Jawa yang disisipkan di beberapa bagian cerita, sehingga dapat juga dibilang ketoprak di satu pihak mirip dengan operet. Kostum dan dandanannya menyesuaikan dengan adegan atau lakon.

            Pada awalnya, ketoprak menggunakan iringan suara lesung dan alu yang biasa digunakan sebagai alat penumbuk padi. Alat-alat ini menimbulkan suara: prak, prak, prak, yang merupakan asal dari kata ketoprak. Namun saat ini jalan cerita ketoprak diiringi oleh irama gamelan dan keprak yang tak henti. Dan ini sangat menarik dinikmati, terutama apabila memang pertunjukan ketoprak yang disuguhkan meng`ngkat cerita humor yang dapat mengundang tawa.







    

Blogroll