SULUK PEDHALANGAN
Perlu kawuningan bilih seratan menika kapendhet saking buku SULUK PEDHALANGAN , anggitanipun swargi S. Padmosoekotjo , terbitan PT. Citra Jaya Murti ing Surabaya 1979. Tandha-tandha ejaan ing teks asli basa Jawi Kina boten kula tedhak awit kula dereng nggadhahi perangkat lunakipun. Nuwun.
- Sulukan Pathet Nem Ageng
Leng-leng ramya nikang sasangka kumenyar mangrengga rum ing puri,
Mangkin tan pasiring halep ikang umah mas lwir murub ring langit,
Tekwan sarwwa manik tawingnya sinawung saksat sekar ning suji,
Unggwan Bhanumati yan amrem alango mwang natha Duryyodhana.
Tegese ing Basa Jawa
Endah anglam-lami rembulan kang sumunar ngrenggani kadhaton,
Njalari saya tanpa timbang endahe suyasa kencana (omah emas) mau kaya murub ing langit,
Apa maneh tebenge linapis sesotya maneka warna kaya kembang rinonce.
Ya ing kono mau papan padunungane Dewi Bhanumati manawa sare karo Prabu Duryyudhana.
Katrangan
Jenenge tembang kakawin ing ndhuwur sardulawikridhita , tegese dolanan macan (sardula = macan;
wikridhita = dolanan). Isine nyaritakake candrane endahe kadhaton Hastina ing wanci bengi pinuju padhang
Rembulan.
Tembang ing ndhuwur kanggo sulukan laras slendro pathet nem ageng ing jejer kawitan. Kepara luwih mathuk
Lan mathis maneh manawa kanggo jejeran kawitan negara Hastina .
2. Sasampunipun Sulukan Pathet Nem Ageng, saderengipun Wiwit Ginem
Lengeng gati nikang hawan sabha-sabha niking Hastina,
Samantara tekeng tegal Kuru nararyya Kresnan laku,
Sirang Parasurama Kanwa Janaka dulur Narada,
Kepanggih irikang tegal milu karyya sang Bhupati.
Tegese ing Basa Jawa
Asri nengsemake kahanane dalan kang ngener tumuju bangsal sarasehan Hastina,
Bareng tindake Prabu Kresna tekan ing Tegal Kuru,
Panjenengane kepethuk karo Parasurama, Kanwa, Janaka bebarengan tindake karo Narada;
Dewa papat mau padha melu mbiyantu pakaryane Sang Prabhu Kresna.
Katrangan
Tembang Kakawin ing ndhuwur nyaritakake nalika Prabu Kresna dadi dutane para Pandhawa tindak ing Hastina, nedya nganteb tekade Duryudhana: Bakal mbalekake negara Indra Prastha kang ditotohake ing kasukan dhadhu lan separone negara Hastina apa milih perang Bharatayudda.
3. Ada-ada Greget Saut
Irika ta sang Ghatotkhaca kinon mapag arkhasuta,
Tekap ira kresna Partha maneher muji sakti nira,
Sang inujaran wawang masemu garjjita harsa marek,
Mawasana bhagya yan hana pakon ri patik nrpati.
Tegese ing Basa Jawa
Nalika iku Sang Gathutkaca kadhawuhan mapagake (lumawan) putrane Bathara Arka (Karna),
Dening Kresna, Parta (Arjuna) banjur ngalembana marang kasektene Gathutkaca,
Sang Gathtutkaca sanalika katon mongkog atine kanthi gumbira marak (marang ngarsane Sang Kresna),
Sarwi matur : “Kawula rumaos begja, amargi wonten dhawuh (paduka) dhumateng kawula”.
Katrangan
Tembang kakawin iki nyaritakake nalika Gathutkaca kadhawuhan Prabu Kresna lumawan Sang Karna ing madyaning paprangan Bharatayuddha ing dina kaping 14.
Gunane tembang kakawin ing ndhuwur ana ing pagelaran wayang purwa kanggo Ada-ada Greget Saut ing pathet sanga.
4. Sulukan Sasmita Pathet Manyura
Meh rahina semu bang hyang aruna kadi netra ning ogha rapuh,
Sabda ni kokila ring kanigara saketer ni kidung ning akung,
Lwir wuwus ing winipanca papetak ing ayam wana ring pagagan,
Mrak anguhuh bhramara ngrabhasa kusuma ring parahasyan arum.
Tegese ing Basa Jawa
Wancine meh ndungkap raina srengenge ing imbang wetan katon abang kaya abanging mripat kang lagi lara,
Ocehing manuk engkuk ing wit kanigara kaya suwara pangrengiking kidung wong kang nandhang branta,
Kaya unine sulinge wong Indu cekikering ayam alas ing pagagan,
Manuk Merak nyengungong ngundang-undang, kombang ngrusak kembang ing kamar pasarean wangi.
Katrangan
Tembang kakawin ing ndhuwur iku jenenge Wisarjita. Isine nyaritakake candrane alam ing Hastina ing wanci bengi ngarepake gagat rahina.
Nalika iku Prabu Kresna kang dadi dutane para Pandhawa nyare ana ing suyasa padalemane Sang Widura, durung nindakake ayahan rembugan karo Kurawa.
Sekar Wisarjita ana ing pagelaran wayang purwa kanggo sulukan sasmita gantine Pathet Sanga ing Pathet Manyura.
Tembung manyura ing basa Jawa kuna lan Sansekerta tegese manuk merak. Dadi Pathet Manyura tegese pathet merak , mulane diarani pathet manyura, sebab pathet iki digunakake manawa wis perak esuk watara wiwit jam 03.00 esuk. Ing jaman kuna (nalika buku Bharatayudda iki ditulis mbokmenawa ing wanci perak esuk iku manuk merak wis padha nyengungong).
Ana ing donyaning seni karawitan, tembang kakawin ing ndhuwur dadi Sekar Ageng Sasadara Kawekas, laras Pelog Pathet 6, lampah 20, pedhotan (7 + 7 + 6) x 4 kanggo mbawani Gendhing Onang-onang Pelog Pathet Nem.
Tembung ogha rapuh ana ing cakepan utawa ing pakecapan para dhalang lan wiraswara padha diucapake angga rapuh. Iki luput sebab tegese dadi beda, yen kadi netra ning ogha rapuh tegese kaya abanging mripat beleken, nanging yen kadi netra ning angga rapuhtegese kaya abanging awak kang beleken.
SINOM SIGRA KANG BALA TUMINGAL
Sigra kang bala tumingal,
acampuh samya medali,
lwir thathit wileding ganda,
dhanghyang gung manguncang niti,
bénjang Sang aji mijil,
lathinya medali wuwus,
trustha sura wilaga,
kaya buta singa wregil,
pasthi jangga dhendhanya mangambak baya.
Cakepan Uran-uran / Tembang Sinom kasebut kagubah saka Serat Aji Pamasa, anggitane R. Ng. Ranggawarsita. Asline ana patang pada. Ing saben sapada kajupuk rong gatra. Dene pada kang angka papat kajupuk telung gatra,. Cethane mangkene :
- SIGRA KANG BALA TUMINGAL, ACAMPUH SAMYA MEDALI, liwêran mungsuh lang rowang, rame rok asilih ungkih, sumrêg sinrêg makangsi, kasok kasantikanipun, wêkasan kawisesa, raksasa bala angisis, tanpa kawal kêkiwul wuwul kewala.
- Sigra Si Kalasuwidha, amasang kamayan sari, LWIR THATHIT WILEDING GANDA, DHANGHYANG GUNG MANGUNCANG NITI, tumamèng mungsuh sami, sêmang-sêmang asmu samun, samantara katoran, kang tyas sanityasa tistis, lwir kakênan ing guna turidasmara.
- Marpêk Sang Kalasuwidha, sarywangling angêngerangi, pagene wadyèng Mamênang, têka kapinêngan sami, BENJANG SANG AJI MIJIL, LATHINYA MEDALI WUWUS,dêduka marang sira, ingaran wong tuna budi, dhêstun têmên tan bisa mungkasi karya.
- Katon cabaring dinuta, angapêsakên ing gusti, pae duk lagi wiwitan, tandangmu anggêgilani, pantês manggalèng jurit, nirbaya nirwikaramuk, TRUSTHA SURA WILAGA, KAYA BUTA SINGA WREGIL, PASTHI JANGGA DHENDHANYA MANGAMBAK BAYA.
Tembang patang pada kasebut isine : Nyaritakake nalika wadyabalane Prabu Ajipamasa ing Mamenang perang lumawan wadyabala buta , wadyabalane Resi Kala Suwida, bareng wadyabala buta kasoran mula Resi Kalasuwida banjur namakake aji kamayan sari tumanduk marang wadyabala ing Mamenang sanalika sirna budine banjur ora bisa micara mung padha mesam-mesem karo grenengan swarane kaya angungrum marang wong wadon.
Wondene tembang Sinom SIGRA KANG BALA TUMINGAL sapada kang kerep digunakkae ing suluk pedhalangan ( ada-ada, jaranan/budhalan, lsp) iku gandheng kajupuk saka perangan-perangan tembang Sinom kang cacahe ana papat mau, mula iya rada kecipuhan angggone nggoleki surasane tembang Sinom “SIGRA KANG BALA TUMINGAL” mau. Mboknemawa para sutresna kang luwih pana ing babagan iki bakal medhar surasane tembang mau kasumanggakake.
Nganti seprene uga durung kawruhan kapan lan sapa satemene sing ada-ada nggubah utawa yasa tembang Sinom patang pada dadi sapada kasebut. Ana ing pamulangan tembang kasebut kanggo cangkriman aksara Jawa.
SUMBER WAOSAN
Candrakanta, 1902-09, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #
Sêkar-sêkaran, Padmasusastra, 1898
Kalawarti Mekarsari 1980