Blogger news

Sabtu, 10 Januari 2015

Pranatacara


Tuladha Wicara Pranatacara
PELANTIKAN PENGURUS OSIS
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Nuwun,
Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMA 4 Ngayogyakarta ingkang dhahat kinurmatan, Bapak Wakil Kepala Sekolah Bidang Kesiswaan, Bapak/Ibu Guru, Karyawan, saha para siswa ingkang tansah winantu ing suka basuki.
Keparenga kula mambeng saha nggempil kamardikan panjenengan sadaya, awit kula piniji saking panitya kinen ngaturaken urut reroncening Upacara Pelantikan Pengurus OSIS SMA 4 Ngayogyakarta Periode 2008/2009.
Nanging saderengipun kula ngaturaken rantamaning adicara puniuka, sumangga kula dherekaken ngonjukaken puji syukur wonten ngarsa delem Gusti Ingkang Maha agung, karana sih wilasa miwah barokah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saengga ing kalenggahan punika taksih saged kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan, tebih saking rubeda nir ing sambekala. Amin.
Nun inggih para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, keparengan panatacara murwakani lekasing sedya ingkang punika enggal badhe binuka lampahing titilaksana Upacara Pelantikan Pengurus OSIS SMA 4 Ngayogyakarta Periode 2008/2009, kanthi ngaturaken reroncening adicara ingkang sampun karantam dening panitya, nun inggih:
  1. Purwaka
  2. Atur palapuran saking Wk. Kepala Sekolah Urusan Kesiswaan ing mangke badhe dipunsalirani dening Bapak Rudy Rumanto, S.Pd.
  3. Kepyakan/Pelantikan Pengurus OSIS kalajengaken tanggap sabda saking     Bapak Kepala Sekolah.
  4. Atur sapala saking pangarsa OSIS enggal
  5. Pandonga ing mangke badhe dipunsalirani dening seksi kerohanian agami   Islam
  6. Panutup.
Tamu undhangan ingkang winantu ing bagya mulya, makaten menggah urut reronceningUpacara Pelantikan OSIS SMA 4 Ngayogyakarta Periode 2008/2009. Kasuwun wontena suka lilaning penggalih para lenggah tansah hanjenengi ngantos dumugi paripurnaning gati. Nuwun, nuwun, matur nuwun.
…………………………………………………………………………………..
Bapak – ibu guru dalah para kanca  ingkang satuhu kinurmatan,
Sumangga adicara punika kapurwakan kanthi ndedonga miturut kapitadosanipun sowing-sowang, ndedonga kasumanggakaken…….cekap.
Adicara ingkang angka kalih nenggih atur palapuran Wk. Kepala Sekolah Urusan Kesiswaan. Dhumateng ngarsanipun Bapak Rudy Rumanto, S.Pd. wekdal kula sumanggakaken.
…………………………………………………………………………………..
Makaten punika atur palapuran dening Wk. Kepala Sekolah Urusan Kesiswaan, ngancik adicara angka tiga nenggih kepyakan/ Pelantikan Pengurus OSIS kalajengaken tanggap sabda saking Bapak kepala Sekolah SMA 4 Ngayogyakarta ingkang winantu ing pakurmatan Panjenenganipun Bapak Drs. Suradi, M.Pd. Pramila dhumateng Pengurus OSIS enggal, kula aturi majeng ing sasana ingkang cumawis saperlu nindakaken upacara punika lan kasuwun kersaa Bapak Kepala Sekolah paring tandha simbolis Pelantikan Pengurus OSIS enggal punika. Nuwun.
…………………………………………………………………………………..
Bapak -ibu guru  ingkang satuhu kinurmatan,
Makaten punika adicara Pelantikan Pengurus OSIS saha tanggap sabda saking Bapak Kepala Sekolah SMA 4 Ngayogyakarta. Kanthi kepyakan punika ateges dinten punika Pengurus OSIS sampun resmi kalantik lan jejibahan punapa kemawon ingkang magepokan kaliyan OSIS sampun kedah kasangkul saha katindakaken kanthi samesthinipun. Suamangga samya caos panjurung amrih pengurus OSIS enggal punika tansah pinaringan rahayu, gampil ing pamikir, saha gangsar anggenipun ngayahi sesanggeman punika. Amin.
Tumapak laksitaning adicara candhakipun nenggih atur sapala saking pangarsa OSIS enggal. Dhumateng pangarsaning  Pengurus OSIS enggal, panjenenganipun Mas Bagus Panggah Widagdo kula sumanggakaken.
…………………………………………………………………………………..
Adicara salajengipun inggih punka pandonga, ingkang badhe dipunselirani dening seksi kerohanian Agama Islam. Pramila dhumateng Ibu Ulin Nuha, S.Pd. wekdal saha sasana wicara kula aturaken.
…………………………………………………………………………………..
Bapak -ibu guru ingkang satuhu kinurmatan
Pinangka pungkasaning adicara, nenggih panutup. Pramila kula ingkang piniji pinangka pambiwara ing Upacara Pelantikan Pengurus OSIS Periode 2008/2009 punika ngaturakenb agunging panuwun saha nyuwun pangaksami mbokbilih kathah bab ingkang boten mranani penggalih panjenengan sadaya. Wusananing atur dhumateng Pengurus OSIS Periode 2008/2009 ingkang sampun kalantik, kula ngaturaken sugeng makarya, mugi tansah manggih karaharjan, rahayu ingkang pinanggih, widada ingkang jinangka.
Para tamu ingkang dhahat kinurmatan, sumangga adicara punika kapungkasan  kanthi ndedonga miturut kapitadosanipun sowing-sowangsowang-sowang , ndedonga kasumanggakaken …….cekap.
Nuwun, nuwun, Matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb.
7/28/2008                                                                                                                                                                                          06:57:14
TEGESE TEMBUNG:
  • Dhahat                                  : banget (sangat)
  • Winantu                                : binarengan ing ( bersama-sama di )
  • Suka basuki                          : bungah, aweh; rahayu, slamet, raharja, widada, sugeng
  • Winantu ing suka basuki   : bebarengan diparingi kabungahan lan keslametan (mendapatkan kebahagiaan dan keseamatan)
  • Mambeng (pambeng)         : ngalangi (menghalangi); pambeng : alangan (halangan)
  • Gempil                                   : cuwil sethithik
  • Nggempil kamardikan        : nyuwil/ngurangi sethithik kamardikan (mengurangi sedikit kemerdekaan)
  • Piniji                                       : dipiji, dipatah, didhapuk, dipitaya, dipercaya
  • Reroncening/reroncen        : susunananing/susunan;
  • Rantaman                            : rancangan, program, rencana
  • Karana                                  : awit, sebab, jalaran (sebab/karena)
  • Sih                                          : asih, katresnan; kawelasan
  • Wilasa (S/Kw)                      : ngenggar-enggar, dolanan, (bersenang-senang/bermain-main)
  • Sih wilasa                              : kawelasan (dikasihi )
  • Rumentah (rentah)             : tumiba, dhumawah, tumeka (dilimpahkan)
  • Pinayungan (paying)          : dipayungi (mendapat perlindungan)
  • Rubeda                                  : pakewuh, alangan
  • Nir /Kw                                  : ilang, tanpa
  • Sambekala                           : kacilakan, alangan
  • Sinuba, S/Kw(suba)            : endah, kaendahan, becik ; disungga-sungga, dihormati banget
  • Murwakani (purwa)            : miwiti, memulai
  • Lekasing sedya                    : wiwitaning karep
  • Titilaksana                            : adicara, acara
  • Karantam                             : diprogram, dirancang, direncanakan
  • Purwaka                                : pambuka  (pembukaan)
  • Kepyakan                             : peresmian, pelantikan
  • Hanjenengi (njenengi)        : melu nunggoni ing parepatan lsp
  • Paripurnaning gati               : rampunge gawe, rampunge acara
  • Gati Kw                                 : laku, tindak
  • Kapitadosan                        : kapercayan (kepercayaan), gegebengan, (agama)
  • Sowang-sowang                   : dhewe-dhewe, piyambak-piyambak
  • Kasumanggakaken            : dipersilakan
  • Nenggih                                 : yaiku, (yaitu)
  • Winantu ing pakurmatan  : tansah dipunkurmati (yang selalu dihormati)
  • Sasana  S/Kw                       : papan, enggon, palungguhan (piwulang, pituduh)
  • Tanggap sabda                    : waluyan, tanggap wacana, sesorah, pidato
  • Sabda /S                , Kw                        : swara, gunem, tetembungan
  • Jejibahan                              : ayahan, tugas, pakaryan
  • Magepokan                          : sesambungan (yang ada hubungannya dengan …)
  • Kasangkul                            : nindakake gaweyan,
  • Panjurung                             : panyengkuyung, pambiyantu (dukungan)
  • Gangsar                                 : gancar, lancer, ora ana alangan
  • Sesanggeman                       : ayahan, gaweyan sing kudu karampungake/katindakake
  • Laksita S/Kw                       : laku
  • Atur sapala                           :  (sepatah kata)
  • Pambiwara                           : pranatacara, panatacara, pranata adicara, MC
  • Nyuwun pangaksami         : nyuwun pangapura, njaluk pangapura (minta maaf)
  • Mboten mranani penggalih  : kurang berkenan di hati
  • Widada ingkang jinangka : katekan sing dikarepake (terlaksana apa yang dicita-citakan)
  •  Sugeng makarya                                : selamat bekerja



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Blogroll