Blogger news

Sabtu, 10 Januari 2015

Undah Usuk Basa


Ungah-ungguh Basa

  • Basa iku minangka sarana kanggo komunikasi, kanggo nglantarake marang sawijining maksud utawa kekarepan marang wong sing diajak guneman. Basa uga dadi sarana kanggo nglairake panguneg-uneg kanthi cara nulis utawa maca. Mula anggone nggunaake basa kudu trep ora kena tumpang suh, kudu mangerteni marang sapa sing diajak guneman. Mula basa iku duweni unggah-ungguh. Dene unggah-ungguhing basa iku sabenere akeh banget nanging sing lumrah digunakake iku ana 4 yaiku:
    1. Ngoko lugu
    2. Ngoko alus
    3. Karma lugu
    4. Karma alus1. Basa Ngoko Lugu
  •     Wujude: Tembunge ngoko kabeh ora ana kramane.
  •     Panganggone:
    a. Menyang sapadha-padha kang wis kulina banget.
    b. Menyang sing kaprenah enom.
    c. Yen lagi ngunandika.
    d. Tumrap bocah sing durung bisa guneman ganep.
  •           Tuladha:
    – Kowe mengko sore sida ngampiri aku les?
    – Dhik, yen arep ndelok pameran, aku mengko tulung ampirana ya!
  • 2. Basa Ngoko Alus
  •     Wujude: Tetembunge ngoko kacampuran karma inggil.
  •     Panganggone:
    a. Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajate.
    b. Garwane priyayi marang sing kakung.
    c. Priyayi marang priyayi yen wis ngoko-ngokonan.
    Tuladha:
    – Dhik, sliramu mengko nek kondur arep nitih apa? Apa kersa
    takdherekake?
    – Aku mau ngundhuh pelem akeh, Panjenengan apa kersa dakaturi?
    – Yen kersa mengko dakaturi sejinah.
  • 3. Basa Krama Lugu
  •     Wujude: Tembunge madya (ater-ater lan panambange karma)
  •     Panganggone:
    a. Kanggo marang kanca sing wis kulina, padha drajate lan ngajeni.
    b. Garwane priyayi marang sing kakung.
    c. Priyayi marang sedulure tuwa kang luwih cendhek drajade.
    Tuladha:
    – Sampeyan niku manawi kesah dhateng kantor napa taksih kiyat mbekta
    sepedha motor mas?
    – Napa ndika saking desa ngriki mawon to mas?
  • 4. Basa Krama Alus
  •     Wujude: Tetembungan krama (ater-ater lan panambang krama)
    lan krama inggil (tumrap wong sing diajak guneman).
  •     Panganggone:
    a. Wong enom marang wong tuwa.
    b. Batur marang bendarane.
    c. Murid marang gurune.
    d. Andhahan marang pimpinane.
    e. Kanca karo kanca sing durung kulina.
    Tuladha:
    – Kula badhe matur dhateng ibu, bilih manawi saestu sowan dhateng
    eyang, kula badhe tumut.
    – Tindak-tandukipun kanca kula ingkang naminipun Edo punika lucu
    sanget.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Blogroll