Blogger news

Sabtu, 10 Januari 2015

Sranane Wong Nandur Pari


Sranane Wong Nandur Pari



Yen disawang sagebyaran pari sing 
wis kuning ing sawah iku katone mung sarupa. Nanging yen ditliti kanthi permati ana warna loro. Pari sing ubet lamene nengen diarani pari wadon utawa Sri Sedana. Dene pari sing ubet lamene ngiwa diarani pari lanang utawa Jaka Sedana. Lha yen miturut budaya Jawa, srana lan urut-urutane wong nandur pari kuwi kaya kang kasebut ing ngisor iki.Mbukak Sawah: sadurunge njegur nggarap sawah lumrahe luwih dhisik slametan. diarani slametan mbukak sawah utawa nyambung tuwuh. Nyebar Winih: panyebare winih milih dina sing becik, tegese aja dina was, dina kubur, ringkel gejig lsp. Wiwit Tandur: sawise winihe umur, miwiti tandur enggal katindakake. Tandur iki kawiwitan dening sing duwe sawah, kanthi ngencepake winih 7 utawa 9 ceblokan ing poncode sawah. Sajrone ngencepake winih mau dibarengi maca mantra. Panutupe mantra unine mangkene: Oyota kawat, wite wesi, godhong tembaga, gulu selaka, wohe kemate. Meleng-meleng tan ana godha sengkalaneNgentas-ngentasi: sawise sawah meh katanduran kabeh, banjur dianakake slametan, sing diarani slametan ngentas-entasi. Ambengane mung prasaja, yaiku jenang sungsum lan bubur.Ider-ider Walangan: yen parine 
wis njebul kabeh, banjur diideri walangan. Dina sing dipilih kanggo ider-ider iki dina Jemuah esuk. Sranane dringo lan bawang didheplok dadi siji. Dibundhelake ing poncote sawah. Diwiwiti saka lor wetan, ubenge nengen. Panutupe mantra: lor wetan panggonanmu, glagah alang-alang panggonanmu. Sorene gawe dhiyang ing pinggire sawah. Larahan sing diobong merang lembut lan godhong kluwih, sokur yen diwenehi lirang.Ngisen-iseni: seminggu sawise diideri walangan, banjur diisen-iseni. Sranane klapa diparut dicampur gula abang, disembur-semburake parine mubeng sawah.Ider-ider Tuwa lan Methik: yen parine 
wis tuwa kabeh banjur diideri lan dipethik. Yen ider-ider sranane cokbakal, sega kokoh lan bundhel janur. Dene yen methik, kejaba kaya kasebut ing ndhuwur isih ana tambahe yaiku: tarub cilik sing dipasang ing tengah kedhokan, papane manten pari sing arep dipethik. Orek-orek, papan kanggo nyeleh sega kokoh/purihan. Piranti liyane kayata: jarit cacah loro, pugut sura, lenga wangi, suri, boreh lsp.Yen 
wis rampung olehe methik, mantene 
wis dipacaki, banjur digendhong digawa mulih. Kabehe manten ana sangang jodho. Tekan ngomah sing nampani mbokne thole. Mantene diturokake ing amben tengah. Lemeke klasa anyar, bantale tetel jadah lan tetel jenang. Cawisane cokbakal, sega kokoh, parem lly.Sawise iku banjur dianakake slametan: kanthi ngundang tangga teparo. Bengine diterusake jagongan sangantuke. Malah ana sing ditanggapake jedhor nganti sewengi muput.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Blogroll