Blogger news

Sabtu, 10 Januari 2015

Wedang Secang Kanggo Kasarasan


Wedang Secang Kanggo Kasarasan

Wis akeh wong sing ngerti menawa secang mono salah sawijining omben-omben sing bisa kanggo njaga kasarasan. Awak ora kepenak, rada masuk angin, yen diombeni wedang secang anget-anget bisa seger waras. Saiki wis ana produk wedang secang wujud sirup lan bubukan, pangombene luwih praktis lan gampang.
Secang urip ing sadhengah papan, bisa ing pegunungan utawa dataran rendah. Yen ing padesan kanggo pager utawa urip ing kebon lan pategalan. Dhuwure watara 5-10 meter, wit lan pange kebak eri tempel sing bengkong. Wite gilig wernane ijo semu soklat. Godhonge majemuk kaya godhong lamtara, wohe polong dawane 8-10 cm ambane 3-4 cm., pucuke kaya cucuk manuk. Yen wis mateng wijine ireng, saben polong ana 3-4 wiji. Kayune bisa diundhuh yen wite wis umur 1-2 taun. Kayu secang yen digodhog wernane banyu malih abang, bisa kanggo bahan cet (pewarna), kayata wernane jajan, inuman, anyaman, lan sapanunggalane.
Secang bisa kanggo ngobati lara diare, disentri, watuk getih (TBC), tatu sing nemen, sifilis, malaria, radang selaput lendir mata lan nyeri merga ganggan sirkulasi getih. Kayu secang ngandhut asam galat tanin, resorsin, brassilin, brasilein, d-alfa-phellandrene, ascimene, minyak atsiri sing kasiyate bisa ngendhegake perdarahan, pembersih darah, penawar racun, lan antiseptik.
Carane gawe minuman saka secang, njupuk kayu secang sacukupe, ditambah gula pasir, sere, jahe, lan banyu sacukupe. Bahan-bahan mau didheplok (diselep) dadi siji banjur diperes. Lan disaring. Terus digodhog suwene telung jam. Yen wis adhem diwadhahi ing botol sing wis dikumbah resik (steril). Siap diunjuk. Kajaba kanggo sirup, secang bisa ngobati sawetara peyakit.

Ngresiki darah kotor

            Kerokan kayu secang sacukupe, ketumbar, godhong trawas, digodhog karo banyu, yen wis adhem disaring diombe. Saben dina ngombe kaping pindho esuk lan sore.

Diare, mencret

           Kayu secang 5 gram dikethok-kethok banjur digodhog karo banyu 2 gelas suwene 15 menit. Sawise adhem disaring, dibage loro diombe esuk lan sore.

Watuk getih, TBC

            Kayu secang 11/2 driji dikumbah sing resik diiris-iris cilik. Digodhog karo banyu 4 gelas nganti kari separone. Yen wis adhem disaring, diombe kaping telu saben ngombe 3/4 gelas.


Bebuwang getih (berak darah)
            Kayu secang sadriji diumbah diiris-iris banjur digodhog karo banyu 3 gelas nganti kari separone. Yen wis adhem disaring, ditambah madu diombe. Sedina ngombe kaping pindho esuk lan sore, saben ngombe 3/4 gelas.

Radang selaput lendir mata

            Kayu secang 2 driji dikumbah banjur diiris cilik-cilik, digodhog karo banyu 3 gelas nganti kari separone. Yen wis adhem disaring, banyune kanggo ngrambang mripat sing lara.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Blogroll