Taman
Geguritan
Critamu
Nalika pisan sliramu crita
Dakrungokake kanthi permati
Dakrewangi golek solusi
Nalika kapindho sliramu crita
Dakjinglengi siji mbaka siji
Daknasehati, daksemangati
Nalika ketelu sliramu crita
Kok panggah kaya wingi uni?
Solusiku kae ora kokreken
Pituturku kae ora kokrewes
Apa merga akeh sing kandha
Jarene tresna iku wuta???
Nalika kepapat sliramu crita
Dakrungokake mlebu kuping tengen, metu kuping kiwa
Sliramu iseh ajeg bae, Ah…..marai aku bosen iki
Nalika kalmia sliramu crita
Sakarepmu lah……..
Prinsipe dhewe wis beda
Kabeh Wong dadi
Gurune Kabeh Wong
Kabeh Wong dadi
Muride Kabeh Wong
Kang diparingake
Dening wongtuwa lan guru
Kuwi minangka wiji
Sing diparingi bayi lan bocah
Minangka lemah tumpraping panggula wenthah
Uga para murid minangka pandhedheran tumpraping
pendhidhikan
Yen wiji becik lemah subur
Sing nandur sabra setya tur jujur
Tanduran mekar ngrembaka sempulur
Kerep diendhangi
Diwatun, didhangir, dioncori
Diopeni kanthi taberi
Gemi setiti, ngati-ati
Dijaga murih lestari
Diudi amrih wohe ndadi
Sabanjure muride bisa dadi guru
Kabeh wong dadi gurune kabeh wong
Kabeh wong dadi muride kabeh wong
Iku prosese
Butuh waktu butuh berkah’e
Dak Antu Esemmu
ing Kene
Dak antu esemmu ning kene
Ing antarane lara ati
Apa esemu iseh kanggo aku
Tak tintingi batin iki
Apa esemku iseh kanggo awakmu
Atiku kebah luh panalangsa
Nalika tangisku kutah
Ana ngrasane Gusti
Nyatane tresna lan esemku
Among kanggo Gusti
Ana rasa kapang
Marang sliramu, mitra
Ana rasa semengit-sumlempit
Nanging esemmu mbuwang sengkeling atiku
Isih ana rasa kuwi
Nanging aku eling Gusti
Kabeh wus mungkur
Kabeh wus dadi lelakon
Tresna ing atiku mung kagem Gusti
Tidak ada komentar:
Posting Komentar